Jabur 139:12-15 Kitab Sutji (JAV)

12. pepeteng wau boten damel peteng wonten ing paningal Paduka,dalu inggih dados padhang kados siyang,pepeteng sami kados pepadhang.

13. Awit Paduka piyambak ingkang mangun ginjel kawula,Paduka ingkang nenun kawula wonten ing guwagarbanipun biyung kawula.

14. Kawula ngucap sokur dhumateng Paduka margi elok ngebat-ebati kadadosan kawula.Pakaryan Paduka punika elok,nyawa kawula sanget anggenipun ngraosaken bab punika.

15. Paduka boten kasamaran dhateng balung-balung kawula,nalika kawula katitahaken wonten ing pasingidan,saha kawangun wonten ing telenging bumi.

Jabur 139