Jabur 139:1-7 Kitab Sutji (JAV)

1. Kanggo lurah pasindhen. Masmur anggitane Prabu Dawud.Dhuh Yehuwah, Paduka ingkang njajagi lan nguningani kawula.

2. Kawula linggiha utawi ngadega Paduka uninga,Paduka mirsa osiking manah kawula saking katebihan.

3. Paduka nguningani manawi kawula lumampah utawi ngaso,saha salampah-lampah kawula Paduka uningani.

4. Sabab saderengipun ilat kawula ngedalaken tetembungan,sayektosipun Paduka sampun nguningani punika sadaya, dhuh Pangeran Yehuwah.

5. Paduka ngempit kawula saking ing wingking lan saking ing ngajeng,lan asta Paduka tansah Paduka ungkulaken ing kawula.

6. Kawruh ingkang makaten punika langkung dening elok tumrap ing kawula,inggilipun ngantos boten kenging kawula gayuh.

7. Dhateng pundi anggen kawula kesah nebihi roh Paduka,dhateng pundi anggen kawula mlajeng nilar pangayunan Paduka?

Jabur 139