Jabur 138:1-3 Kitab Sutji (JAV)

1. Anggitane Prabu Dawud.Paduka badhe kawula puji klayan gumolonging manah,wonten ing ngajengipun para allah kawula badhe ngidung masmur kagem Paduka.

2. Kawula badhe sujud madhep ing padaleman Paduka ingkang suci,saha memuji dhumateng asma Paduka,awit saking sih-kadarman lan kasetyan Paduka,dene asma saha prasetya Paduka, Paduka damel nglangkungi samukawis.

3. Sareng kawula sesambat, Paduka lajeng nyembadani kawula,Paduka mewahi kasantosan wonten ing manah kawula.

Jabur 138