8. Dhuh Yehuwah, Paduka mugi jumeneng saha tedhak dhateng ing palereman Paduka,Paduka kadherekaken ing pethining kasantosan Paduka.
9. Para imam Paduka mugi sinandhangana ing kaleresan,saha para kekasih Paduka sami surak-suraka!
10. Margi saking Prabu Dawud, abdi Paduka,mugi Paduka sampun nampik dhumateng jebadan Paduka.
11. Pangeran Yehuwah wus ngandika marang Prabu Dawud kalawan supaos,kang mesthi ora bakal diselaki:“Sawijining turunira bakal Sunlungguhake ing dhamparira;
12. angger turunira tetep anggone ngestokake prasetyaningSun,tuwin sakehing pranatan-pranatan kang Sunwulangake marang dheweke,anak-putune turunira mau ing salawas-lawasebakal padha lungguh ing dhamparira.”
13. Sabab kutha Sion kang wus dipilih dening Pangeran Yehuwah,dikarsakake dadi padalemane.
14. “Iki padalemaningSun ing salawase,ana ing kene anggoningSun bakal dedalem, awit iku karsaningSun.