Jabur 132:6-11 Kitab Sutji (JAV)

6. Kita pancen wus padha krungu bab iku ana ing Efrata,wus oleh ana ing ara-ara Yaar.

7. “Payo padha lumebu marang padalemaning Allah,padha sujud nyembah ana ing ngarepe ancik-ancikaning sampeyane.”

8. Dhuh Yehuwah, Paduka mugi jumeneng saha tedhak dhateng ing palereman Paduka,Paduka kadherekaken ing pethining kasantosan Paduka.

9. Para imam Paduka mugi sinandhangana ing kaleresan,saha para kekasih Paduka sami surak-suraka!

10. Margi saking Prabu Dawud, abdi Paduka,mugi Paduka sampun nampik dhumateng jebadan Paduka.

11. Pangeran Yehuwah wus ngandika marang Prabu Dawud kalawan supaos,kang mesthi ora bakal diselaki:“Sawijining turunira bakal Sunlungguhake ing dhamparira;

Jabur 132