Jabur 132:1-6 Kitab Sutji (JAV)

1. Kidung jiyarah.Dhuh Yehuwah, Paduka mugi ngengetana dhumateng Prabu Dawudtuwin sakathahing kasisahanipun;

2. anggenipun supaos dhumateng Sang Yehuwah,saha nglairaken punagi dhumateng Allahipun Rama Yakub, ingkang Mahakuwaos makaten:

3. “Saestu kawula boten badhe lumebet ing kemah padunungan kawula,sarta boten minggah dhateng kanthil patileman kawula,

4. inggih boten ngangsalaken mripat kawula tilemutawi ngliyepaken tlapukan kawula,

5. ngantos kawula manggih papan kagem Pangeran Yehuwah,padaleman kagem Ingkang Mahakuwaos, Allahipun Rama Yakub.”

6. Kita pancen wus padha krungu bab iku ana ing Efrata,wus oleh ana ing ara-ara Yaar.

Jabur 132