Jabur 130:2-6 Kitab Sutji (JAV)

2. Dhuh Pangeran, Paduka mugi karsaa miyarsakaken swanten kawula,Paduka mugi nilingna dhumateng swantening pasambat kawula.

3. Dhuh Yehuwah, manawi Paduka ngenget-enget dhateng durakaning tiyang,dhuh Pangeran, sinten ingkang saged lestantun?

4. Nanging Paduka kagungan pangapunten,supados tiyang sami ajrih-asih dhumateng Paduka.

5. Aku nganti-anti marang Pangeran Yehuwah, nyawaku ngarep-arep,lan aku ngarep-arep marang Pangandikane.

6. Nyawaku anggone nganti-anti marang Pangeranngluwihi pangarep-arepe jaga malem marang wayah esuk,iya wong jaga kang ngarep-arep marang wayah esuk.

Jabur 130