3. Wong mluku, mluku ana ing gegerku,alurane waluku didawakake.
4. Pangeran Yehuwah iku adil, lan kang medhotidhadhunge wong duraka.
5. Sakehe wong kang sengit marang Sionbakal padha kawirangan lan bakal mundur.
6. Padha kaya suket ing payon,kang alum sadurunge dibedhol,
7. kang ora digegem dening tangane wong ngarit,utawa dirakupi dening kang mbenteli,
8. satemah wong kang padha liwat ora ngucap:“Berkahe Sang Yehuwah anaa ing kowe kabeh!Aku padha mberkahi kowe kabeh ing asmane Sang Yehuwah!”