1. Kidung jiyarah.Ing kalane Pangeran Yehuwah mulihake kaanane Sion,kaanan kita kaya wong ngimpi.
2. Ing nalika iku cangkem kita padha kebak guyu,lan ilat kita kebak giyak-giyak.Ing nalika iku ing antarane para bangsa ana ujar mangkene:“Pangeran Yehuwah wus nandukake prakara kang gedhe marang para wong iki!”
3. Pangeran Yehuwah wus nandukake prakara kang gedhe marang kita,mulane kita padha bungah.
4. Dhuh Yehuwah, Paduka mugi karsaa mulihaken kawontenan kawula,kados pulihipun lepen asat wonten ing Tanah Negeb!