1. Kidung jiyarah anggitane Prabu Dawud.Yen ajaa Pangeran Yehuwah piyambak kang mbelani marang kita,-- dikaya mangkono pangucape Israel, --
2. yen ajaa Pangeran Yehuwah piyambak kang mbelani marang kita,nalika wong padha gumregah nglawan marang kita,
3. kita mesthi wus padha diuntal urip-uripan,nalika mulad-mulading nepsune marang kita;
4. kita banjur kentir ing banyu,aku wus padha kleleb ana ing kali;
5. ilining banyu kang luberkang molak-malik iku wus nasabi kita.
6. Pinuji-pujia Pangeran Yehuwah kang ora ngulungake kitadadi mangsane untune wong-wong mau!