Jabur 119:95-103 Kitab Sutji (JAV)

95. Tiyang duraka sami ndingkik kawula, badhe nyirnakaken kawula,nanging kawula badhe migatosaken pepenget-pepenget Paduka.

96. Kawula sumerep dhateng wates-watesipun kasampurnan,nanging prentah Paduka punika wiyar sanget.

97. Kawula punika tresna sanget dhateng angger-angger Paduka,sadinten muput kawula gilut-gilut.

98. Pepaken Paduka punika paring kawicaksanan dhateng kawula, munjuli satru kawula,margi ing salaminipun wonten ing kawula.

99. Akal budi kawula punika nglangkungi para guru kawula,margi dhawuh pepenget-pepenget Paduka kawula gilut-gilut.

100. Kawula langkung mangretos katimbang kaliyan tiyang-tiyang ingkang sampun sepuh,margi kawula netepi prentah-prentah Paduka.

101. Suku kawula kawula pekak tumrap sakathahing margining piawon,supados ngestokaken pangandika Paduka.

102. Kawula boten mengeng saking sarak-sarak Padukamargi Paduka ingkang mulang dhateng kawula.

103. Janji Paduka punika legi sanget wonten ing lak-lakan kawula,ngungkuli leginipun maben wonten ing cangkem kawula.

Jabur 119