Jabur 119:81-87 Kitab Sutji (JAV)

81. Nyawa kawula cecengklungen dhateng karahayon peparing Paduka,pangandika Paduka ingkang kawula ajeng-ajeng;

82. mripat kawula bengep margi saking anggenipun ngajeng-ajeng dhateng prasetya Paduka;kawula munjuk: “Benjing punapa Paduka badhe nglipur kawula?”

83. Sabab kawula sampun kados impes wecucal tinarang wonten ing kukus,ewasamanten kawula inggih boten kasupen dhateng pranatan Paduka.

84. Kantun pinten dinten-dintenipun abdi Paduka punika?Benjing punapa anggen Paduka badhe ngadili tiyang ingkang sami mbujeng kawula?

85. Tiyang kumingsun ingkang boten nurut ing angger-angger Paduka,punika sami ndhudhuk luwangan kangge kawula.

86. Sakathahipun pepaken Paduka punika kenging pinitados;kawula dipun oyak-oyak tanpa sabab,kawula mugi Paduka pitulungi.

87. Kawula meh-meh kemawon dipun sirnakaken saking ing bumi,ewadene kawula inggih boten nilar dhawuh Paduka.

Jabur 119