Jabur 119:135-147 Kitab Sutji (JAV)

135. Cahyanipun wedana Paduka mugi nyunarana abdi Paduka,sarta kawula mugi Paduka wulang bab pranatan-pranatan Paduka.

136. Luh kawula crocosan kados ilining toya,awit tiyang sami boten netepi angger-angger Paduka.

137. Dhuh Yehuwah, Paduka punika adil,saha pranatan Paduka punika leres;

138. pepenget Paduka sampun Paduka dhawuhaken kaliyan adiltuwin kasetyan ageng.

139. Kawula nggeges dening urubing katresnan kawula,margi satru kawula sami nglirwakaken sakathahing dhawuh Paduka.

140. Prasetya Paduka punika murni sanget,abdi Paduka remen sanget.

141. Kawula punika tiyang alit sarta nistha,ewadene boten kesupen dhateng dhawuh Paduka.

142. Kaadilan Paduka punika adil ing salaminipun,tuwin angger-angger Paduka punika leres.

143. Kawula tinempuh ing karibedan tuwin kasisahan,nanging pepaken Paduka sami dados kabingahan kawula.

144. Pepenget Paduka punika adil ing salaminipun,kawula mugi Paduka mangretosaken supados kawula gesang.

145. Paduka kawula sebut kaliyan manah ingkang gumolong; dhuh Yehuwah, mugi Paduka sembadani!Pranatan Paduka badhe kawula tetepi.

146. Kawula sesambat dhumateng Paduka; Paduka mugi karsaa ngluwari kawula!Kawula badhe ngestokaken pepenget Paduka.

147. Enjing umun-umun kawula tangi saha sesambat nyuwun tulung,Pangandika Paduka ingkang kawula ajeng-ajeng.

Jabur 119