Jabur 118:4-20 Kitab Sutji (JAV)

4. Para wong kang ngabekti marang Pangeran Yehuwah padha ngucapa:“Sih-kadarmane iku langgeng ing salawase!”

5. Sajroning karubedan aku nyebut marang Pangeran Yehuwah.Pangeran Yehuwah tumuli nyembadani panyuwunku,aku kaparingan lega;

6. Pangeran Yehuwah nunggil karo aku,aku bakal ora wedi.Manungsa bisa manggawe apa marang aku?

7. Pangeran Yehuwah nunggil karo aku sarta mitulungi aku,aku bakal nganggep sepele marang wong kang padha sengit marang aku.

8. Becik ngungsi marang Pangeran Yehuwahkatimbang karo ngandelake manungsa;

9. becik ngungsi marang Pangeran Yehuwahkatimbang karo ngandelake para panggedhe.

10. Aku dikepung sakehe bangsademi asmaning Sang Yehuwah, kabeh padha dakgecak.

11. Aku dikepung, kemput anggone ngepung,demi asmaning Sang Yehuwah, dakgecak.

12. Padha ngepung aku kaya tawon,padha mulad-mulad kaya geni eren,demi asmaning Sang Yehuwah,padha dakgecak temah mundur.

13. Aku dijorogake sarosane nganti tiba,nanging Sang Yehuwah mitulungi aku.

14. Pangeran Yehuwah iku dadi karosanku lan masmurku,,Panjenengane wus dadi karaharjanku.

15. Ing kemahe para wong mursidana swara surak-surak lan kaunggulan:“Astane tengen Sang Yehuwah nindakake kaprawiran,

16. Astane tengen Sang Yehuwah bisa njunjung;Astane tengen Sang Yehuwah nindakake kaprawiran!”

17. Aku bakal ora mati, nanging uriplan aku bakal nyritakake pakaryaning Sang Yehuwah.

18. Sang Yehuwah banget anggone ngrangket marang aku,nanging aku ora diulungake marang pati.

19. Aku wenganana gapuraning kabeneran,aku arep lumebu, arep ngunjukake panuwun marang Sang Yehuwah.

20. Iki gapuraning Sang Yehuwahkang bakal dileboni dening para wong mursid.

Jabur 118