1. Padha saosa pamuji sokur marang Pangeran Yehuwah, awitdene Panjenengane iku sae!ujer sih-kadarmane iku langgeng ing salawas-lawase.
2. Israel ngucapa:“Sih-kadarmane iku langgeng ing salawase!”
3. Turune Imam Harun ngucapa:“Sih-kadarmane iku langgeng ing salawase!”
4. Para wong kang ngabekti marang Pangeran Yehuwah padha ngucapa:“Sih-kadarmane iku langgeng ing salawase!”
5. Sajroning karubedan aku nyebut marang Pangeran Yehuwah.Pangeran Yehuwah tumuli nyembadani panyuwunku,aku kaparingan lega;