Jabur 116:8-19 Kitab Sutji (JAV)

8. Inggih, Paduka sampun ngluwari kawula saking pejah,lan mripat kawula saking luh,tuwin suku kawula saking sesandhungan.

9. Aku diparengake lumaku ana ing ngarsaning Sang Yehuwah,ana ing tanahe wong urip.

10. Aku pracaya, sanajan duwe pangucap:“Banget temen anggonku katindhes.”

11. Ing sajroning kabingunganku aku ngucap:“Manungsa iku padha dora-cara kabeh.”

12. Kang dakgawe piwales apa marang Sang Yehuwah,tumrap ing sakehe sih-kadarmane marang aku?

13. Aku arep njunjung tuwunging pangentasanlan arep nyebut asmaning Pangeran Yehuwah,

14. arep ngluwari kaulku marang Sang Yehuwahana ing ngarepe umat kabeh.

15. Patine para kekasihe iku akeh pangajineana ing paningaling Sang Yehuwah.

16. Dhuh Yehuwah, kawula punika abdi Paduka,inggih estu abdi Paduka, anakipun parekan Paduka;Paduka ingkang sampun nguculi bebandan kawula.

17. Paduka badhe kawula saosi kurban pamuji sokur,saha badhe nyebut asmaning Sang Yehuwah.

18. Dakngluwari kaulku marang Pangeran Yehuwahana ing ngarepe umate kabeh,

19. ing platarane padalemaning Pangeran Yehuwah,ana ing satengahmu, he Yerusalem!Haleluya!

Jabur 116