Jabur 115:1-14 Kitab Sutji (JAV)

1. Dhuh Yehuwah, sampun dhateng kawula, sampun dhateng kawula,ngemungna dhateng asma Paduka anggen Paduka paring kamulyan,awit saking sih Paduka, margi saking kasetyan Paduka.

2. Punapaa dene para bangsa ngantos sami badhe ngucap:“Allahe wong-wong iku ana ing ngendi?”

3. Allah kita ana ing swarga;nindakake ing sakarsane.

4. Brahalane para bangsa mau selaka lan mas,garapaning tangane manungsa;

5. padha duwe cangkem, nanging ora bisa celathu;padha duwe mata, nanging ora bisa ndeleng;

6. padha duwe kuping, nanging ora bisa ngrungokake;padha duwe irung, nanging ora bisa ngambu;

7. tangane ana, nanging ora bisa nggrayahi;sikile ana, nanging ora bisa lumaku,ora bisa nywara kalawan gurunge;

8. para wong kang gawe iku padha dadia pepadhanemangkono uga sarupane wong kang kumandel marang iku.

9. He Israel, kumandela marang Pangeran Yehuwah,Panjenengane kang mitulungi lan dadi tetamenge.

10. He turune Imam Harun! Kumandela marang Pangeran Yehuwah,Panjenengane kang mitulungi lan dadi tetamenge.

11. He para wong kang ngabekti marang Pangeran Yehuwah,padha kumandela marang Pangeran Yehuwah,Panjenengane kang mitulungi lan dadi tetamenge.

12. Pangeran Yehuwah wus ngengeti marang kita bakal paring berkah,bakal mberkahi turune Israel,bakal mberkahi turune Imam Harun,

13. bakal mberkahi para wong kang ngabekti marang Sang Yehuwah,dadia kang cilik dadia kang gedhe.

14. Pangeran Yehuwah muga ndadekna kowe padha tangkar-tumangkar,iya kowe lan anak-putumu.

Jabur 115