Jabur 113:1-4 Kitab Sutji (JAV)

1. Haleluya!He para abdining Pangeran Yehuwah, padha saosa puji,padha saosa puji marang asmaning Sang Yehuwah.

2. Asmaning Sang Yehuwah kasuwurna,ing saiki lan ing salawase.

3. Asmaning Sang Yehuwah pinuji-pujiasaka papan pletheking srengenge nganti tekan ing papan surupe;

4. Pangeran Yehuwah iku luhur ngungkuli sakehe para bangsa,kamulyane ngungkuli langit.

Jabur 113