Jabur 111:5-10 Kitab Sutji (JAV)

5. Para wong kang ngabekti marang Panjenengane iku padha diparingi pangan,prajanjiane diengeti ing salawase.

6. Daya-kekiyataning pakaryane wus ditedahake marang umate,padha diparingi tanah pusakane para bangsa.

7. Pakaryaning astane iku kabeneran lan kaadilan,sakehing prentahe iku padha kena diugemi,

8. salawas-lawase lan ing sateruse kukuh,katindakake kalawan bener lan jujur.

9. Umate pinaringan pangentasan,Gusti Allah dhawuh supaya prajanjiane iku kanggo ing salawas-lawase,asmane iku suci sarta nggegirisi.

10. Pangabekti marang Pangeran Yehuwah iku wiwitaning kawicaksanan,sarupaning wong kang nglakoni iku padha duwe budi padhang.Pangalembana marang Gusti Allah iku langgeng ing salawase.

Jabur 111