Jabur 111:2-8 Kitab Sutji (JAV)

2. Pakaryane Sang Yehuwah iku agung,patut dititi-priksa dening sakehing wong kang kasengsem.

3. Pakaryane iku agung lan mulya,tuwin kaadilane tetep ing salawas-lawase.

4. Kaelokane wus didadekake pangeling-eling;Pangeran Yehuwah iku sih-mirma sarta welasan.

5. Para wong kang ngabekti marang Panjenengane iku padha diparingi pangan,prajanjiane diengeti ing salawase.

6. Daya-kekiyataning pakaryane wus ditedahake marang umate,padha diparingi tanah pusakane para bangsa.

7. Pakaryaning astane iku kabeneran lan kaadilan,sakehing prentahe iku padha kena diugemi,

8. salawas-lawase lan ing sateruse kukuh,katindakake kalawan bener lan jujur.

Jabur 111