Jabur 109:8-19 Kitab Sutji (JAV)

8. umuripun kacelakna,kalenggahanipun kaalapa dening tiyang sanes;

9. anakipun sami dadosa lola,tuwin semahipun dadosa randha.

10. Anak-anakipun kajengipun nglambrang boten kantenan lan ngemis,sarta katundhung saking jugruganing griyanipun.

11. Ingkang potang mbeslaha sabarang darbekipun,sarta tiyang sanes sami ngrayaha angsal-angsalaning ngrekaosipun;

12. sampun ngantos lestantun manggih sih piwelasipun tiyang,saha sampun ngantos wonten ingkang melasi dhateng anakipun ingkang sampun dados lola;

13. saturunipun sami tumpesa,tuwin namanipun kasirnakna ing turun candhakipun,

14. piawoning para leluhuripun kaengetana wonten ing ngarsaning Yehuwah,sarta dosaning biyungipun sampun ngantos kalebur,

15. kajengipun tansah kagalih dening Pangeran Yehuwah,supados pangenget-enget dhateng tiyang punika dipun bengkas saking bumi,

16. awitdene boten enget nindakaken katresnan,nanging ngoyak-oyak tiyang ingkang kesrakat sarta mlarattuwin ingkang pepes manahipun ngantos sami nemahi pejah.

17. Sarehning remen ngucapaken ipat-ipat,mila sami katamana ing ipat-ipatipun piyambak;sarehning boten remen dhateng berkah, mila mugi berkah inggih nebiha saking piyambakipun.

18. Ipat-ipat dipun angge kados rasukan,mila rumesepa ing badanipun kados toya,tuwin kados lisah ing balungipun,

19. inggih dadosa kados sandhangan ingkang dipun angge,sarta sabuk ingkang tansah dipun angge.

Jabur 109