Jabur 109:3-17 Kitab Sutji (JAV)

3. kawula dipun tempuh klayan tembung-tembung sesengitan,saha dipun perangi tanpa sabab.

4. Minangka piwales tumrap katresnan kawula sami nggigat kawula,mangka sami kawula dongakaken,

5. kasaenan kawula dipun wales piawon,saha katresnan kawula kawales sengit.

6. “Netepna tiyang duraka ingkang masesani piyambakipunlan tukang nggigat wonten ing sisih tengenipun.

7. Samangsa dipun adili katetepna kalepatanipun,saha pandonganipun kaanggepa dosa;

8. umuripun kacelakna,kalenggahanipun kaalapa dening tiyang sanes;

9. anakipun sami dadosa lola,tuwin semahipun dadosa randha.

10. Anak-anakipun kajengipun nglambrang boten kantenan lan ngemis,sarta katundhung saking jugruganing griyanipun.

11. Ingkang potang mbeslaha sabarang darbekipun,sarta tiyang sanes sami ngrayaha angsal-angsalaning ngrekaosipun;

12. sampun ngantos lestantun manggih sih piwelasipun tiyang,saha sampun ngantos wonten ingkang melasi dhateng anakipun ingkang sampun dados lola;

13. saturunipun sami tumpesa,tuwin namanipun kasirnakna ing turun candhakipun,

14. piawoning para leluhuripun kaengetana wonten ing ngarsaning Yehuwah,sarta dosaning biyungipun sampun ngantos kalebur,

15. kajengipun tansah kagalih dening Pangeran Yehuwah,supados pangenget-enget dhateng tiyang punika dipun bengkas saking bumi,

16. awitdene boten enget nindakaken katresnan,nanging ngoyak-oyak tiyang ingkang kesrakat sarta mlarattuwin ingkang pepes manahipun ngantos sami nemahi pejah.

17. Sarehning remen ngucapaken ipat-ipat,mila sami katamana ing ipat-ipatipun piyambak;sarehning boten remen dhateng berkah, mila mugi berkah inggih nebiha saking piyambakipun.

Jabur 109