6. Dhuh Allah, Paduka mugi karsaa ngluhuraken sarira ngantos ngungkuli langit,saha kamulyan Paduka supados ngungkulana bumi sadaya.
7. Supados para kekasih paduka sami saged oncat;mugi Paduka kersaa maringi pangluwaran klayan asta Paduka tengen,saha kersaa paring wangsulan dhumateng kawula.
8. Gusti Allah wus ngandika ana ing pasucene:“Ingsun arsa surak-surak;tanah Sikhem bakal Sunbagi-bagi, lebak Sukot arep Sunukur,
9. Gilead iku kagunganingSun, Manasye iku kagunganingSun,Efraim iku tetoponging mastakaningSun,Yahuda iku jungkating kapraboningSun,
10. Moab iku papan pawijikaningSun,Edom Sununcali trumpahingSun,lan marga saka tanah FilistiIngsun asurak-surak.”