Jabur 108:12-14 Kitab Sutji (JAV)

12. Dhuh Allah, punapa sanes Paduka piyambak ingkang sampun nampik kawula,sarta boten miyos sesarengan kaliyan bala kawula, dhuh Allah?

13. Paduka mugi karsaa paring pitulungan nglawan mengsah,awit pambiyantunipun manungsa punika tanpa gina.

14. Marga saka Gusti Allah, kita bakal padha nindakake panggawe-panggawe kang prawira,sarta Gusti Allah piyambak bakal ngiles-iles para mungsuh kita.

Jabur 108