Jabur 107:30-41 Kitab Sutji (JAV)

30. Wong-wong mau padha bungah, awit kaanane kabeh wus tentrem,sarta banjur dituntun menyang ing pelabuhan kang disenengi.

31. Wong iku kareben padha ngaturake panuwun marang Yehuwah, awit saka sih-susetyane,marga saka kaelokane marang para anaking manungsa.

32. Wong mau kareben padha ngluhurake Pangeran ana ing pasamuwaning umat iku,sarta memuji marang Panjenengane ana ing pakumpulane para pinituwa.

33. Kali-kali kadadekake segara wedhi,sarta tuking banyu didadekake lemah cengkar,

34. tanah subur didadekake bumi asin,kang mangkono iku awit saka pialane wong kang padha ngenggoni,

35. ara-ara samun kadadekake blumbang,tuwin tanah cengkar didadekake sumber,

36. wong kang keluwen banjur padha dinungake ana ing kono,nuli padha mbangun kutha kang dienggoni,

37. tumuli padha nyebar ana ing pategalan lan gawe pakebonan anggur,kang metokake woh-wohan minangka pametune.

38. Anadene wong iku padha banget diberkahi dening Pangeran, temah banjur banget anggone ngambra-ambra,tuwin raja-kayane padha didadekake nak-kumanak.

39. Nanging banjur suda-suda lan ngrekasa,awit saka pameteking sangsara lan kasusahan.

40. Pangeran banjur ngesoki kawirangan marang para panggedhe,padha kadadekake nglambrang ana ing pasamunan, kang ora ana dalane.

41. Nanging wong mlarat padha diayomi supaya ora katindhes,sarta anak-putune padha ditangkar-tangkarake kaya pepanthan wedhus kehe.

Jabur 107