1. Padha saosa puji sokur marang Sang Yehuwah, awitdene Panjenengane iku sae!Ujer sih-susetyane iku langgeng ing salawase.
2. Mangkono pangucape para wong kang padha katebus dening Yehuwah,kang ditebus saka ing pangwasane kang gawe susah,
3. kang dikumpulake saka ing nagara-nagara,saka ing tanah wetan lan kulon,saka ing lor lan saka ing kidul.
4. Ana wong kang padha nglambrang ana ing ara-ara samun,ora nemu dalan kang anjog marang ing kutha kang dienggoni ing wong.
5. padha kaluwen lan kasatan,nyawane kasulayah banget.
6. Sajroning karubedane mau nuli padha sesambat marang Pangeran Yehuwah,banjur padha diluwari saka ing sangsarane,
7. ditedahi dalan kang bener,temah banjur tekan ing kutha kang dienggoni ing wong.
8. Wong mau kareben padha ngaturake panuwun marang Sang Yehuwah,marga saka sih-susetyane,marga saka kaelokane marang para anaking manungsa,
9. awitdene Pangeran karsa maregi nyawane wong kang kasatan,sarta nyawa kang kaluwen kawaregan ing kabecikan.
10. Ana wong kang padha ana ing pepeteng lan ing palimengan,kinurung ing sangsara lan wesi.
11. Sarehne padha mbalela marang pepakoning Allah,sarta ngremehake marang pitadahe Kang Mahaluhur,
12. mulane ditelukake atine kalawan kasusahan,padha kejlungup, ora ana kang mitulungi.
13. Ing sajroning karubedane iku, bareng padha sesambat marang Pangeran Yehuwah,banjur padha diluwari saka ing kasangsarane,
14. diluwari saka ing pepeteng lan palimengan,sarta ranten padha dipedhoti.
15. Wong iku kareben padha ngaturake panuwun marang Pangeran Yehuwah awit saka sih-susetyane,lan kaelokane marang para anaking manungsa;
16. awit Pangeran wus karsa mbejadi lawang-lawang tembaga,sarta nugeli slarak-slarake wesi.