1. Haleluya!Padha saosa puji sokur marang Pangeran Yehuwah, awitdene Panjenengane iku sae!Sih-susetyane iku langgeng ing salawase.
2. Sapa kang bisa nyaritakake pakaryaning Sang Yehuwah kang linuwih,tuwin martakake sakehing pangalembana marang Panjenengane?
3. Rahayu wong kang netepi angger-angger,kang nindakake kaadilan ing salawas-lawase.
4. Dhuh Yehuwah, kawula mugi Paduka engeti, awit saking kamirahan Paduka dhateng umat Paduka,Paduka mugi kersaa migatosaken dhumateng kawula demi karahayon Paduka,
5. supados kawula sageda ningali kabegjanipun para pepilihan Paduka,supados kawula tumuta bingah ing salebeting kabingahanipun umat Paduka,sarta supados saged nglairaken panggunggung sesarengan kaliyan umat kagungan Paduka piyambak.