9. Watesipun Paduka tetepaken, boten badhe dipun langkahi,boten badhe wangsul ngelebi bumi.
10. Paduka ingkang ngilekaken toya dhateng ing lebak-lebak,mili ing sela-selaning redi-redi,
11. ngombeni sakathahing sato-kewan ing ara-ara,ngicali ngelakipun kuldi wanan,
12. ing sacelakipun dipun enggeni ing peksi-peksi ing awang-awang,ingkang sami ngoceh wonten ing antawisipun ron-ronan.
13. Paduka ingkang paring pangomben dhateng redi-redi saking ing dalem panggungan Paduka,bumi tuwuk margi saking wohing pakaryan Paduka.
14. Paduka ingkang nuwuhaken rumput kangge sato-kewan,saha tetuwuhan, supados kapigunakaken dening manungsa,temah ngedalaken tetedhan saking ing salebeting siti,
15. punapadene anggur ingkang mbingahaken manahing manungsa,ingkang damel rainipun manungsa sumringah margi saking lisah,saha tetedhan ingkang ngiyataken manahipun tiyang.
16. Wit-witanipun Pangeran Yehuwah sami tuwuk,wit eres ing Libanon tanemanipun,
17. papan panusuhipun peksi-peksi,peksi kasidah ingkang ngenggeni wit beros;
18. redi-redi ingkang inggil dados padununganipun menda wanan,lan parang-parang dados papan pandhelikaning kancil.
19. Paduka ingkang ndadosaken rembulan dados pananggalan;surya ingkang sumerep wekdal anggenipun serap.
20. Manawi Paduka ndhatengaken pepeteng, lajeng dados dalu,ing wekdal punika sakathahing sato-kewan ing wana sami saba.
21. Singa nem sami nggero-gero betah memangsan,lan ngadhang-adhang pakan saking Gusti Allah.
22. Ing wanci pletheking surya sami ngempal,sarta ngglethak wonten ing guwa pandhelikanipun.