Jabur 104:1-13 Kitab Sutji (JAV)

1. Heh nyawaku saosa puji marang Sang Yehuwah!Dhuh Yehuwah, Gusti Allah kawula,Paduka punika langkung dening agung,Paduka ngagem busana keprabon gumebyar.

2. Paduka ingkang asingeb pepadhang kadosdene nyamping,mbeber langit kados tendha.

3. ingkang yasa kamar-kamar panggungan Paduka wonten ing toya,ingkang ndadosaken mega dados titihan Paduka,ingkang tindak ing luhuring swiwinipun angin,

4. ingkang ndadosaken angin dados utusan Paduka,saha latu murub dados para pelados Paduka.

5. Ingkang nalesi bumi wonten ing ancik-ancikipun,satemah boten gonjang-ganjing ing salimi-laminipun.

6. Paduka krukub kaliyan samodra agung,toyanipun minggah ngungkuli redi-redi.

7. Toya wau lumajeng ajrih dhateng pangancam-ancam Paduka,lumajeng bingung margi saking swantening gludhug Paduka,

8. minggah ing redi, mandhap ing lebak,dhateng panggenan ingkang sampun Paduka temtokaken tumrap toya wau.

9. Watesipun Paduka tetepaken, boten badhe dipun langkahi,boten badhe wangsul ngelebi bumi.

10. Paduka ingkang ngilekaken toya dhateng ing lebak-lebak,mili ing sela-selaning redi-redi,

11. ngombeni sakathahing sato-kewan ing ara-ara,ngicali ngelakipun kuldi wanan,

12. ing sacelakipun dipun enggeni ing peksi-peksi ing awang-awang,ingkang sami ngoceh wonten ing antawisipun ron-ronan.

13. Paduka ingkang paring pangomben dhateng redi-redi saking ing dalem panggungan Paduka,bumi tuwuk margi saking wohing pakaryan Paduka.

Jabur 104