1. Anggitane Prabu Dawud.Dhuh nyawaku, saosa puji marang Pangeran Yehuwah!Heh isining batinku kabeh, memujia marang asmane kang suci!
2. Dhuh nyawaku, saosa puji marang Pangeran Yehuwah,lan aja lali marang sakehing kasaenane!
3. Panjenengane kang ngapura sakehe kaluputanmu,lan maluyakake sakehe lelaramu.
4. Kang ngentas uripmu saka ing kubur,lan makuthani kowe kalawan kadarman lan kawelasan,
5. kang maregi kekarepanmu kalawan apa kang becik,temah kowe kaenomake maneh kaya manuk garudha.
6. Pangeran Yehuwah paring adillan kabeneran marang sakehing wong kang kinaniaya.
7. Nabi Musa wus disumurupake marang margi-margine,lan pakaryan-pakaryane marang wong Israel.
8. Pangeran Yehuwah iku ambek welasan lan ambek asih,gedhe sabare lan luber sih-susetyane;
9. ora tansah ndedukani,anggone duka ora ing salawase.
10. kang katandukake marang kita ora timbang karo dosa kita,anggone paring piwales marang kita ora ing sabobote kaluputan kita,
11. nanging sapira dhuwure langit ngungkuli bumi,iya samono gedhene sih-kadarmane tumrap para kang ngabekti marang Panjenengane;
12. sapira dohe wetan saka ing kulon,iya samono anggone nebihake panerak kita saka ing kita.