Jabur 102:22-29 Kitab Sutji (JAV)

22. supaya asmaning Sang Yehuwah kawartakake ana ing Sion,tuwin Panjenengane pinuji-puji ana ing Yerusalem,

23. samangsa para bangsa lan sakehing karajan nglumpuk,padha ngabekti marang Pangeran Yehuwah.

24. Panjenengane wus munggel kakuwatanku ana ing dalan,lan umurku dicendhakake.

25. Aturku mangkene: “Dhuh Gusti Allah kawula,Paduka mugi sampun mundhut kawula ing sapalihing umur kawula!Taun-taun Paduka punika lestantun turun-tumurun!”

26. Kala rumiyin Paduka sampun nalesi bumi,saha langit punika yasanipun asta Paduka.

27. Punika sadaya badhe lebur, nanging Paduka piyambak ingkang lestantun,tuwin sanes-sanesipun sami lungsed kados pangangge,lan badhe Paduka santuni kados jubah, lajeng sami santun rupi,

28. nanging Paduka piyambak boten ewah-gingsir,saha taun-taun Paduka boten badhe wonten watesipun.

29. Anakipun para abdi Paduka sami badhe manggen kaliyan tentrem,saha turunipun sami lestantun wonten ing ngarsa Paduka

Jabur 102