1. Pandongane wong sangsara nalika lesu-lesah lan banjur ngesokake pasambate ana ing ngarsaning Sang Yehuwah.
2. Dhuh Yehuwah, Paduka mugi karsaa miyarsakaken pandonga kawula,anggen kawula sesambat nyuwun pitulungan mugi sageda dumugi ing ngarsa Paduka.
3. Mugi sampun nyingidaken wedana Paduka tumrap kawulaing dinten karubedan kawula.Mugi karsaa ngenglengaken talingan Paduka dhateng kawula;manawi kawula sesambat mugi enggal kersaa paring wangsulan!
4. Amargi dinten-dinten kawula telas kados kukus,balung kawula sami mengangah kados prapen.
5. Manah kawula pinupuh sarta alum kados rumput,ngantos kawul kasupen nedha roti kawula.
6. Margi saking pasambat kawula ingkang sorakawula ngantos kantun lunglit.
7. Kawula sampun kados peksi kontul wonten ing ara-ara samun,saha peksi beluk wonten ing jugrugan.
8. Kawula boten saged tilem lan sampun dados kados peksikepencil wonten ing payon.
9. Sadinten muput kawula dipun uman-uman dening para satru kawula,tiyang ingkang sami damel dolanan kawulasupaos kaliyan nyebut nama kawula.
10. Awit kawula nedha awu kadosdene roti,saha omben-omben kawula, kawula campuri luh.