6. Nanging saiki Panjenengane wus tampa kaimaman kang luwih dening agung, marga Panjenengane jumeneng Pantaraning prasetyan kang luwih mulya, kang alandhesan prasetya kang luwih luhur.
7. Sabab yen ta prajanjian kang dhisik iku tanpa cacad, ora bakal digolekake panggonan maneh kanggo kang kapindho.
8. Dene anggone nacad wong-wong iku nalika Panjenengane ngandika:“Satemene, bakal tumeka ing wektune,” mangkono pangandikane Pangeran,“Ingsun bakal mranata prajanjian anyar kalawan turune Israel sarta turune Yahuda,
9. ora kaya prajanjian kang wis Sunanakake karo para leluhure wong-wong iku, nalika Ingsun nganthi wong-wong iku Sunirid metu saka ing tanah Mesir.Amarga wong-wong iku ora setya marang prajanjianingSun, sarta Ingsun ngemohi wong-wong iku,” mangkono pangandikane Pangeran.