6. nanging kang padha murtad maneh, iku ora bisa dianyarake sapisan engkas, satemah padha mratobat, amarga prasasat nyalib Putrane Allah maneh kanggo awake dhewe, sarta ngremehake Panjenengane ing ngarepane wong akeh.
7. Sabab bumi kang nesep banyu udan kang kerep tumiba ing dhuwure, kang metokake tanem tuwuh kang maedahi tumrap kang nggarap iku, tampa berkah saka Gusti Allah;
8. nanging manawa bumi iku nuwuhake bebondhotan lan rerungkudan, iku tanpa guna sarta cepak kena ing supata, kang wekasane kaobong.
9. Ewadene, he para kekasihku, sanadyan aku padha pitutur mangkono marang kowe, aku padha mesthekake, manawa kowe padha duwe bab-bab kang luwih becik sarta kang isi karahayon.
10. Amarga Gusti Allah ora kurang adil, nganti Panjenengane banjur kesupen marang ing panggawemu lan katresnanmu kang koklairake kagem asmane srana anggonmu padha ngladeni para suci, kang isih koklakoni nganti saprene iki.