Ibrani 6:14-20 Kitab Sutji (JAV)

14. pangandikane: “Ing sayektine sira bakal Sunberkahi nganti luber sarta sira bakal Suntangkarake dadi akeh banget.”

15. Rama Abraham ngentosi kanthi sabar sarta marga saka mangkono banjur tampa apa kang kaprasetyakake.

16. Mungguh manungsa iku anggone supaos demi kang luwih luhur sarta supata iku minangka pikukuhe, kang mungkasi sakehing padudon.

17. Marga saka iku luwih ngyakinake marang wong-wong kang nduweni hak nampani prasetya iku ing bab teteping putusane, Gusti Allah wus nanggel kanthi supaos,

18. supaya marga prakara loro kang tetep, mokal manawa Gusti Allah cidra, kita kang ngupaya pangayoman, oleh pangatag-atag kang kuwat amrih nggayuh marang pagnarep-arep kang kagantungake.

19. Dene pangarep-arep iku minangka jangkaring nyawa kita kang kukuh lan santosa, kang wis ditibakake tekan saburining gubah,

20. kang wus dilebeti dening Gusti Yesus minangka Pangirid kita, kang jumeneng Imam Agung langgeng manut tatane Sang Melkisedhek.

Ibrani 6