1. Marga saka iku payo padha ninggal wiwit-wiwitaning dhasar-dhasare piwulang bab Sang Kristus sarta padha nerusake candhake satutuge. Kita aja nganti masang maneh tetalesing pamratobat saka tingkah laku kang muspra, sarta tetalesing pracaya marang Gusti Allah,
2. yaiku piwulang bab warna-warnaning baptis, panumpanging tangan, tangine para wong mati sarta paukuman langgeng.
3. Yaiku kang bakal padha kita lakoni, manawa dadi keparenging Allah.
4. Sabab mungguh wong-wong kang wus tau kapadhangan atine