Ibrani 3:17-19 Kitab Sutji (JAV)

17. Sarta sapa kang dibendoni dening Panjenengane patang puluh taun lawase? Apa dudu wong kang padha nglakoni dosa sarta kang jisime pating glimpang ana ing pasamunan?

18. Lan sapa kang wus disupaosi, bakal ora padha lumebu ing panggonan paleremane? Apa dudu wong kang padha ora mbangun-miturut iku?

19. Dadine kita padha sumurup, manawa wong iku padha ora bisa lumebu amarga saka anggone ora pracaya.

Ibrani 3