Ibrani 12:15-21 Kitab Sutji (JAV)

15. Padha diawas aja nganti ana sing ngoncati sih-rahmate Gusti Allah, supaya aja nganti ana oyod pait kang thukul, kang nuwuhake rerusuh sarta kang njemberi wong akeh.

16. Aja ana kang laku jina utawa kang nduweni pepenginan kang asor kaya Esau, kang ngedol wewenange dadi pambarep diurupake pangan sapiring.

17. Jalaran kowe padha sumurup, manawa sawuse mangkono, nalika arep nampani berkah, ditampik, sabab ora oleh wewengan kanggo ndandani kaluputane, sanadyan anggone ngupaya kanthi mbrebes mili.

18. Amarga kowe ora padha marani gunung kang bisa kagepok sarta geni kang mulad-mulad, tuwin pepeteng alimengan lan lesus,

19. unine kalasangka apadene unining swara, kang ndadekake para kang krungu nganti padha nyuwun, supaya aja nganti dipangandikani maneh,

20. awit padha ora betah ngrungokake dhawuh iki: “Dalah kewan manawa ana kang nggepok marang gununge, iku kudu dibenturi watu.”

21. Sarta tetingalan iku nggegirisi banget, nganti Nabi Musa ngandika: “Aku giris lan gumeter.”

Ibrani 12