Ibrani 10:22-34 Kitab Sutji (JAV)

22. Mulane payo padha sowan ing ngarsane Gusti Allah kanthi ati kang temen lan eklas sarta kalawan kayakinan ing pracaya kang kukuh, amarga ati kita wus karesikan saka rumasaning ati kang ala lan badan kiat wus kaedusan kanthi banyu kang resik.

23. Dikukuh anggon kita padha ngandhemi sahadating pangarep-arep, jalaran Panjenengane, kang mrasetyakake iku tuhu setya.

24. Sarta mara padha engon-ingengon, supaya padha atag-ingatag ing katresnan lan ing panggawe utama.

25. Kita aja ngedohi pakumpulan-pakumpulan pangibadah kita, kaya pakulinane sawenehing wong, ananging payo padha eling-ingelingake, sarta ngarepake dinaning Gusti kang saya cedhak iki disaya mempeng anggon kita tumindak ing gawe.

26. Jalaran manawa sawise tampa kawruh ing bab kayekten kita njarag gawe dosa, mesthi ora ana kurban maneh kanggo mbirat dosa iku.

27. Ananging kang ana yaiku panganti marang paukuman kang nggegirisi sarta geni kang mulad-mulad kang bakal ngobong sakehing wong kang duraka.

28. Manawa ana wong nampik angger-anggere Nabi Musa, iku kaukum pati tanpa palimirma kanthi paseksene wong loro utawa telu.

29. Mendah saya abote paukuman kang kudu kasangga dening wong kang ngidak-idak Putraning Allah, sarta kang nganggep najis marang rahing prajanjian kang nucekake, tuwin ngremehake Rohing sih-rahmat.

30. Jalaran kita sumurup marang Panjenengane kang ngandika:“Piwales iku wewenangingSun. Iya Ingsun kang bakal males.”Sarta maneh:“Pangeran bakal ngadili umate.”

31. Nggegirisi banget, manawa tumiba ing astane Gusti Allah kang asipat gesang.

32. Padha elinga marang mangsa kang wis kapungkur. Sawuse kowe tampa pepadhang, kowe kerep padha nandhang sangsara akeh amarga kowe betah nglakoni perjuangan kang abot,

33. iya nalika kowe padha kagawe tontonan anggonmu diwewada sarta dianiaya, iya nalika nglabuhi marang wong kang padha digawe kaya mangkono mau.

34. Kowe pancen padha mbelani nandhang sangsara marang wong kang padha dikunjara sarta nalika barang darbekmu dirampog, kowe narima kanthi bungah, amarga kowe padha sumurup, manawa kowe nduweni bandha kang luwih becik sarta kang asipat langgeng.

Ibrani 10