Ibrani 1:1-5 Kitab Sutji (JAV)

1. Sawise nalika jaman biyen Gusti Allah ngandika marang para leluhur kita nganti marambah-rambah sarta kalawan patrap warna-warna lumantar para nabi,

2. ing jaman wekasan iki Panjenengane wus ngandika marang kita lumantar Kang Putra, kang wus ditetepake dadi ahli-warise tumrap samubarang kabeh; iya lumantar Panjenengane Gusti Allah anggone wus nitahake alam jembar.

3. Panjenengane dadi cahya kamulyane Gusti Allah sarta gambar wujuding Allah lan nyanggi samubarang kabeh sarana sabdane kang kebak panguwasa. Lan sawise rampung anggone ngresiki dosa, Panjenengane lenggah ing satengene Kang Mahaagung ana ing ngaluhur;

4. kaluhurane banget anggone ngungkuli para malaekat, padha kaya pinunjuling asma kang wus kaparingake marang Panjenengane kang uga banget anggone ngungkuli endahing jenenge para malaekat mau.

5. Sapa ta panunggalane para malaekat kang tau dipangandikani mangkene:“Sira iku PutraningSun!Sira wus Sunputrakake ing dina iki?”sarta“Ingsun bakal dadi Ramane,lan Panjenengane bakal dadi PutraningSun?”

Ibrani 1