Hosea 5:1-6 Kitab Sutji (JAV)

1. He, para imam, padha ngrungokna,he, umat Israel, padha nggatekna,he, para kulawarganing ratu, nilingna kupingira,awitdene paukuman iku tumuju marang sira,marga sira wus dadi kala-jiret tumrap Mizpa,lan dadi jaring kang kajereng ana ing gunung Tabor,

2. lan kaya luwangan kang didhudhuk ing lebak Sitim,mulane iku bakal Sunrangket kabeh.

3. Ingsun iku wanuh marang Efraim,sarta ora kekilapan mungguh kaanane Israel,awit sira wus laku jina, he Efraim;lan Israel wus najisake awake dhewe.

4. Pratingkah-pratingkahe ora ngolehakewong-wong mau padha mratobat marang Allahe,marga padha kadunungan rohing laku jina,sarta ora padha wanuh marang Pangeran Yehuwah.

5. Gumunggunge Israel dadi seksi tumrap awake dhewe,Efraim bakal keplesed tiba marga saka salahe dhewe,tuwin Yehuda uga melu keplesed.

6. Padha arep ngupaya Pangeran Yehuwahkalawan nggawa kurban wedhus lan sapi,nanging ora bakal ketemu,Pangeran Yehuwah wus nebihi wong-wong iku.

Hosea 5