12. Karomaneh dheweke bakal Sunukum marga saka dina-dinanalika nyaosake kurban marang para Baal,sarta nganggo anting-antinge lan kalunge,tuwin banjur ngetutake para bedhanganenanging lali marang Ingsun,”mangkono pangandikane Pangeran Yehuwah.
13. “Kang iku, dheweke bakal Sunarih-arih,sarta Sunajak menyang ing pasamunan,lan Sunpangandikani kang gawe leganing atine.
14. Ingsun bakal maringake kebone anggur ana ing kana,apadene Sunparingi lebak Akhorminangka gapuraning pangarep-arep.Ana ing kono dheweke bakal ngidung-ngidung kaya nalika isih enom,kaya nalika mangkat metu saka ing tanah Mesir.
15. Ing dina iku -- mangkono pangandikaning Sang Yehuwah --,Ingsun bakal sira sebut: Kakung kawula,lan Ingsun ora sira sebut maneh: Baal kawula!
16. Karomaneh jenenge sakehe Baal bakal Sunbirat saka ing cangkemira,banjur ora disebut-sebut maneh.
17. Sarta ing dina iku sira bakal Sundamelake prajanjiankaro sato-kewan ing ara-ara lan manuk-manuk ing awang-awang,apadene karo sakabehe kewan kang gumremet ana ing bumi.Gandhewa, pedhang sarta pirantining perang bakal padha Sunsirnakake saka ing bumi,tuwin sira bakal Sundamel bisa nglegeyeh kalawan tentrem.