Hosea 14:4-8 Kitab Sutji (JAV)

4. Asyur boten badhe saged mitulungi kawula sadaya;kawula boten badhe numpak kapal,saha kawula boten badhe wicanten malih: Dhuh Allah kawula!dhateng dedamelaning tangan kawula,margi Paduka ngasihi lare lola.”

5. Ingsun bakal mulihake wong-wong iku saka ing pamurtade,lan bakal ngasihi kanthi legawaning galih,marga bebenduningSun marang dheweke wus mendha.

6. Ingun bakal dadi kaya ebun tumrap Israel,dheweke bakal metu kembange kaya kembang bakung,lan oyode ngambra-ambra kaya Libanon.

7. Pang-pange padha sumrambah,sarta endahe kaya wit jaitun,lan arum gandane kaya kang ana ing Libanon.

8. Wong-wong mau bakal padha balilan manggon ing pangayomaningSun,lan bakal padha tuwuh kaya tanduran gandum;sarta bakal padha kembang kaya wit anggur,kang misuwur kaya anggur ing Libanon.

Hosea 14