2. He Israel, padha mratobata marang Pangeran Yehuwah, Allahmu,dene anggonmu keplesed iku marga saka kaluputanmu.
3. Padha ngaturna kaduwungmu,sarta mratobata marang Sang Yehuwah,munjuka marang Panjenengane:“Paduka mugi karsaa ngapunten sakathahipun kalepatan,ingkang sae mugi lajeng kaparingna,nunten kawula sami badhe ngunjukaken pangaken kawula.
4. Asyur boten badhe saged mitulungi kawula sadaya;kawula boten badhe numpak kapal,saha kawula boten badhe wicanten malih: Dhuh Allah kawula!dhateng dedamelaning tangan kawula,margi Paduka ngasihi lare lola.”
5. Ingsun bakal mulihake wong-wong iku saka ing pamurtade,lan bakal ngasihi kanthi legawaning galih,marga bebenduningSun marang dheweke wus mendha.