3. Mulane bakal padha kaya pedhut ing wayah esukutawa kayadene ebun kang esuk umun-umun ilang,lan kaya mrambut kang kabur ing angin saka ing panuton.Iya kaya kukus kang metu saka ing cendhela.
4. Nanging Ingsun iki Yehuwah Allahira,wiwit nalika sira ana ing tanah Mesir;sira ora wanuh allah liyane, kajaba Ingsun,iya ora ana Juruslamet maneh liyane Ingsun.
5. Ingsun kang wanuh sira ana ing pasamunan,tanah kang banget panase.
6. Bareng wus padha mangan suket, banjur bisa wareg,bareng wus wareg, nuli kumalungkung,temahan padha lali marang Ingsun.
7. Mulane Ingsun dadi kayadene singa tumrap wong-wong iku,lan kaya macan tutul, Ingsun ndhedhep ana ing pinggir dalan.