Hosea 12:3-8 Kitab Sutji (JAV)

3. Pangeran Yehuwah bebantahan karo Yehuda,lan bakal ngukum Yakub miturut polah-tingkahe,sarta bakal males kang murwat karo tindak-tanduke.

4. Ana ing guwa-garba Yakub ngapusi sadulure,sarta bareng wus rosa gelut kalawan Gusti Allah.

5. Dheweke gelut karo Sang Malaekat lan unggul,kalawan nangis nyuwun kawelasan marang Panjenengane.Ana ing Betel ketemu kalawan Panjenengane,lan ana ing kono Panjenengane mangandikani mangkene:

6. -- Iya iki Sang Yehuwah, Allahe kang sarwa tumitah,kang asma Yehuwah. --

7. “Sira iku kudu mratobat marang Allahira,netepana katresnan lan angger-angger,sarta tansah ngarep-arepa marang Allahira.”

8. Padha kaya Kanaan, kang nyekel traju kang cidra,lan kang seneng memeres,

Hosea 12