Hosea 10:1-6 Kitab Sutji (JAV)

1. Israel iku wit anggur kang becik thukule,kang metokake woh,saya akeh pametune,saya akeh anggone gawe misbyahsarta saya becik lemahe,saya endah anggone gawe tugu-tugu brahala.

2. Atine lamis,saiki kudu padha nanggung wohing kaluputane,Pangeran bakal ngremuk misbyah-misbyahe,lan mbubrah tugu-tugune brahala.

3. Lah saiki padha ngucap:“Kita padha ora duwe ratu,marga kita padha ora ngabekti marang Pangeran Yehuwah,mangka ratu iku bisa nindakake apa ta tumrap kita?”

4. Padha umuk-umukan,padha nglairake sumpah palsu,padha gawe prajanjian,temahan paukuman thukul kaya wit upasana ing singkalan-singkalaning pategalan.

5. Para wong saisine Samaria padha gumeter,ing ngatase pedhete Bet-Awen.Lah rakyate bakal sedhih marga saka iku,sarta para imame padha sesambat,marga wus koncatan kamulyane.

6. Pedhete bakal kaboyong menyang Asyur,minangka pisungsung marang Sang Nata “Agung”.Efraim bakal kawirangan,sarta Israel bakal kisinan marga saka rancangane.

Hosea 10