Hosea 10:1-5 Kitab Sutji (JAV)

1. Israel iku wit anggur kang becik thukule,kang metokake woh,saya akeh pametune,saya akeh anggone gawe misbyahsarta saya becik lemahe,saya endah anggone gawe tugu-tugu brahala.

2. Atine lamis,saiki kudu padha nanggung wohing kaluputane,Pangeran bakal ngremuk misbyah-misbyahe,lan mbubrah tugu-tugune brahala.

3. Lah saiki padha ngucap:“Kita padha ora duwe ratu,marga kita padha ora ngabekti marang Pangeran Yehuwah,mangka ratu iku bisa nindakake apa ta tumrap kita?”

4. Padha umuk-umukan,padha nglairake sumpah palsu,padha gawe prajanjian,temahan paukuman thukul kaya wit upasana ing singkalan-singkalaning pategalan.

5. Para wong saisine Samaria padha gumeter,ing ngatase pedhete Bet-Awen.Lah rakyate bakal sedhih marga saka iku,sarta para imame padha sesambat,marga wus koncatan kamulyane.

Hosea 10