Habakuk 1:2-4 Kitab Sutji (JAV)

2. Dhuh Yehuwah, taksih pinten dangunipun malih anggen kawula sambat-sambat, nanging Paduka boten midhangetaken; kawula nguwuh-uwuh dhumateng Paduka: “Wonten panganiaya!”, nanging Paduka boten mitulungi?

3. Punapaa dene Paduka nedahaken piawon dhateng kawula, satemah kawula ningali tindak ambeksiya? Panganiaya saha pangroda-peksa wonten ing ngajenging mripat kawula; paben saha pasulayan ingkang tumuwuh.

4. Pramila angger-angger lajeng ical kakiyatanipun, saha kaadilan boten nate jumedhul, margi tiyang mursid kinepang dening tiyang duraka, njalari medalipun kaadilan kwalik.

Habakuk 1