13. Paduka, ingkang paningal Paduka margi saking sangeting sucinipun lajeng boten karsa mirsani piawon saha ingkang boten mentala mirsani panganiaya, kenging punapa dene Paduka ngudaneni dhateng tiyang ingkang sami lampah cidra, saha lajeng kendel kemawon, samangsa tiyang duraka nguntal dhateng sesaminipun ingkang ngungkuli kautamenipun?
14. Punapa dene Paduka karya manungsa punika kok kados ulam ing saganten, utawi kados kewan gumremet ingkang tanpa paprentahan?
15. Manungsa wau sadaya dipun sendhal klayan pancing, dipun cepeng kaliyan jaringipun, sarta dipun klempakaken mawi jalanipun, ndadosaken bingah lan giyak-giyakipun tiyang duraka wau.
16. Mila jaringipun dipun sajeni kurban, sarta jalanipun dipun sajeni kurban obaran; awit pirantos-pirantos punika ingkang njalari angsal-angsalanipun kathah lan rejekinipun tirah-tirah.
17. Punapa punika ingkang njalari lajeng tansah nyepeng pedhang ligan saha lajeng mejahi bangsa-bangsa tanpa welas?